Satrio piningit dari ramalan Prabu Jayabaya
By Yadi Purwanto 22 views 4 hours ago
Selet-selete yen mbesuk ngancik tutuping tahun
Sinungkalan dewa wolu, ngasta manggalaning ratu
Bakal ana dewa ngejawantah
Apengawak manungsa
Apasurya padha Bethara Kresna
Awatak Baladewa
Agegaman trisula wedha
Jinejer wolak-waliking zaman
Iku tandane Bethara Indra wus katon Tumeka ing arcapada ambebantu wong Jawa
Bala prewangan makhluk halus padha baris Pada rebut benere garis Tan kasat mata, tan arupa Sing mandhegani putrane Bethara Indra Agegaman trisula wedha Momongane padha dadi nayaka perang-perange tanpa bala Sakti mandraguna tanpa aji-aji.
Apeparap pangeraning prang Tan pakra anggoning nyandhang Ning iya bisa nyembadani ruwet rentenging wong sak pirang-pirang.
Idune idu geni Sabdane malati Sing mbregudul mesti mati Ora tuwa enom padha dene bayi Wong ora ndayani nyuwun apa bae mesthi sembada Garis sabda ora gantalan dina Beja-bejane sing yakin lan tuhu setya sabdanira Tan karsa sinuyudan wong sak tanah Jawa Naging inung pilih-pilih sapa.
Waskitha pindhang dewa Bisa nyumurupi lahire mbahira, buyutira, canggahira Pindha lahir bareng sadina Ora bisa diapusi marga bisa maca ati Wasis, wegig, waskitha Ngerti sakdurunge winarah Bisa pirsa mbah-mbahira Angawuningani jantraning zaman Jawa Ngerti garise siji-sijining umat Tan kewran sasuruping zaman.
Ing ngarsa Begawan Dudu pandhita sinebut pandhita Dudu dewa sinebut dewa Kaya dene manungsa.
Iki dalam kanggo sing eling lan waspada Ing zaman kalabendu Jawa Aja nglarang dalem ngleluri wong apengawak dewa Cures ludhes saka braja jelma kumara Aja-aja kleru pandhita samusana Larinen pandhita asenjata trisula wedha Iku hiya paringaning dewa.
Ngluruk tanpa bala Yen menang tan ngasorake liyan Para kawula padha suka-suka Marga adiling pangeran wus teka Ratune nyembah kawula Angagem trisula wedha Para pandhita hiya padha muja Hiya iku momongane kaki sabdopalon Sing wis adu wirang nanging kondhang Genaha kacetha kanthi njingglang Nora ana wong ngresula kurang Hiya iku tandhane kalabendu wus minger Centhi wektu jejering kalamukti Andayani indering jagad raya Padha asung bhekti